Nyimak wacan
Sinau Bareng
Wayah sore minangka wayah kang cocok kanggoa santai. Wektu kuwi dina Minggu sore, Ardi lagi muliha Saka daleme simbah kang ora adoh saka desane. Mulihe teka omah Ardi adus banjur guneman karo adhine anag ing teras omah.Sanalika ibune dangu Ardi "ana tugas sekolah apa ora?" Sanalika uga Ardi lagi eling yenh dheweke nduwe janji karo Aminah, Doni, lan Mardi arepi snau kelompok kanggo garap tugas basa Jawa kangi diparingi kalihan Bu Guru. Bu Guru paring tugas marangs iswa supaya maca crita wayang lan nggoleki watake paraga kang ana ing crita mau. Tugas mau minangkat ugas kelompok. Wektu kuwi sakelompok nduwenin anggota kelompok gunggung 4, Bocah-bocah mau kang dadi kelompoke Ardi. Kanca kelompoker Ardi omahe isih sadesa karo Ardi.
Janji garap tugas kelompok ana ing omahe Doni kang dilalah bapake Doni iku dhalang, dadine bisa marahi anggone bocah-bocah pada sinau. Tekan omahe Doni kanca-kancane wis padha kumpul lan wis nduwe wacan wayang kang ngrembug babagan Pandhawa. Amarga wis ana wacane,bocah papat mau banjur maca wacan mau kanthi genti genten. Wis pungkasan anggone maca critane, banjur pada rembugan babagan watake paraga wayang mau.
Wacan wayang mau ngrembug babagan Pandhawa. Kang kelebu Pandhawa yaiku, Yudhistira,Werkudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa. Paraga wayang mau minangka satriya kang nduweni watak kang becik kabeh. Yudhistira kuwi nduweni watak sabar lan jujur, Werkudara kuwi nduweni watak wani lan lugu, Janaka nduweni watak demen tetulung tur sopan, Nakula watake tansah ngajeni marang wong tuwa, dene Sadewa nduwe watak kang dhemen tetulung lan pinter nambani lelara warna-warna. Watak-watak mau becik yen pada didadekake tuladha karo bocah sekolah.
Tugas kelompok wis rampung padha digarap sadurunge adzan maghrib. Sadurunge srengenge mingslep ana ing sisih kulan, Ardi lan kanca-kancane bali menyang omahe. Tekan ngomah ibune wis nunggu ing ngarepan banjur ngajak Ardi mlebu ngomah.
Posting Komentar