Geguritan yaiku Puisi Jawa gagrak anyar kang ora kaiket dening paugeran kang Gumathok.
Supaya iso negrti Isine geguritan kudu :
1. Maca kanti alon lan teliti
2. Mahami ukara lan tetembungan kang ono.
Wondene Nulis geguritan kudu nggatekake :
1. tema lan judul,
2. Imajinasi/ pengangen –angen,
3. dhiksi/ pamilihing tembung,
4. majas/ gaya bahasa.
Ngandarake Isi geguritan kui ono 2 coro :
1. Kanthi lisan
2. Kanthi tulisan.
Paugerane maca geguritan kudu nggatekake :
1. Wirama : alon bantere / cendak duwure suara gumantung tetembungan kang diucapake
2. Wirasa : beda-bedane ekspresi wajah.
3. Wiraga :solah bawane/ obahing awak nalika moco gegurotan
4. Wicara : anggone moco kanthi ucapan kang trep.
gampange anggone moco kudu nggateake :
1. kudu diwoco sepisan kanti lengkap.
2. Dimangerteni tetembungane
3. Diwaca kanthi alon-alon nganggo irama kang trep
4. Dhuwur cendeke suwara manut isine ukara
5. Anggona moco ora kemrungsung kudu kanti sareh.
Pelajaran Ke 2 : Prabu Yudistira.
Prabu Yudistira/Puntadewa yoiku pambarepe Pandhawa. Pambarep tegese anak kang lahir nomer siji. Prabu yudistira nduwe kerajaan jengenge Amarta. Nduwe garwa jenenge Dewi Drupadi lan diparingi putra jenenge pancawala.
Parabu yudistira titisan Bethara Darma, bapake jengenge Pandu lan Ibune jenenge dewi Kunti. Mergo titisane betara Darma, Yudistira Nduwe watak Wicaksana, Jujur, Sugih pangapura, lan ora nduwe Mungsuh. Prabu Yudistira Perang ono ing tegal Kuru lawan prabu Salya saka kraton mandaraka.
Urutan Sedulure Prabu Yudistira :
1. Yudistira : pambarep ( anak No 1)
2. Bimasena/Werkudara : Pangulu ( anak no 2 )
3. Arjuna : Pandhada ( anak sing nak tengah)
4. Nakula : Sumendhi ( anak no 2 soko mburi/ kakang ragil)
5. Sadewa : Wuragil ( anak paling keri)
Pelajaran 3 : Tradisi
Sekaten asline soko tetembungan Syahadatain yoiku Tradisi ngrayaake kelahinae nabi kang dianaake ono ing keratin ngayogja karta lan solo. Tradisi iki biasane dianaake saben wulan Mulud ono ing alun-alun.biasane nebuh gamelan Kiyai Guntur madu lan kiyai Guntuk sari.
Fungsi sekaten ing jaman biyan kanggo nyebarake agama nanging saiki fungsine malih kanggo hiburan rakyat.
Upacara tradisional :
1. Tedak siten : upacara pas Bocah awal napak siti/lemah)
2. Selapanan : Upacara nalika bayaai umur selapan /35 dina.
3. Syawalan : upacara tradisional pas wulan sawal
4. Pitulasan : upacara mengeti 17 Agustus/ mengeti pas 17 ramadhan
5. Ruwahan : bancaan nalika sasi ruwah.
Posting Komentar